Kidung Darma Wedha



1. Ana panditha akarya wangsit, Minda kombang angecap ing tawang, Susuhing angin endhi enggone, Lawan galihing kangkung, Wekasane langit jaladri, Isine wuluh wungwang, Lan gigiring punglu, Tapaking kuntul anglayang, Manuk miber uluke ngungkuli langit, Kusuma njrahing tawang.

2. Ngabil banyu apikulan warih, Ametgeni sarwi adadamar, Kodok ngemuli elenge, Miwah kang banyu dikum, Myang dahana murub kabesmi, Bumi pinetak ingkang, Pawana katiyup, Tanggal pisan kapurnaman, Yen anenun sateg pisan anigasi, Kuda ngarap ing pandengan.

3. Ana kayu apurwa sawiji, Wit buwana epang keblat papat, Agedong mega rumembe, Apradapa kukuwung, Kembang lintang salaga langit, Semi andaru kilat, Woh surya lan tengsu, Asiran bun lawan udan, Apupucuk akasa bungkah pratiwi, Oyode bayu bajra.

4. Wiwitane duk anemu candi, Gegedongan miwah wewerangkan, Sihing Hyang kabesmi kabeh, Tan hana janma kang wruh, Yen weruha purwane dadi, Candi sagara wetan, Ingobar karuhun Kayangane Sang Hyang Tunggal, Sapa reke kang jumeneng mung Artati, Katon tengahing tawang.

5. Gunung Agung sagara serandil, Langit ingkang amengku buwana, Kawruh ana ing artine, Gunung sagara amung, Guntur sirna amengku bumi, Ruk kang langit buwana, Dadya weruh iku, Mudya madyaning ngawiyat, Mangasrama ing gunung Agungsabumi Candi candi sagara.

6. Gunung luhure kagiri giri, Sagara agung datanpa sanma, Pan sampun kawruhan reke, Arta daya puniku, Datan keno cinangkreng budi, Anging kang sampun prapta, Ing kuwasanipun, Angadeg tengahing jagad, Wetan kulon lor kidul mandap myang inggil, Kapurba kawasesa.

7. Bumi sagara gunung myang kali, Sagung inking sesining bawana, Kasor ing Arta dayane, Sagara sat kang gunung, Guntur sirna guwa samya nir, Sing aweruh Arta daya, Dadya teguh timbul, Lan dadi paliyasining prang, Yen lelungan kang kapapag wedi asih, Sato galak suminggah.

8. Jim peri parayangan pada wedi, Mendak asih sakehing dubriksa, Rumeksa siyang dalune, Sing anempuh lumpuh, Tan tumama ing awak mami, Kang nedya tan raharja, Kabeh pan linebur, Sakabehing nedya ala, Larut sirno kang nedya becik basuki, Kang sineoya waluya.

9. Siyang dalu rineksa ing widi, Dinulur saking karseng Hyang Suksma, Kaidep ing janma kabeh, Aran wikuning wiku Wikan liring muja semedi, Dadi sasedyanira, Mangunah linuhung, Peparab Hyang Tega Lana, Kang kasimpen yen tuwajuh jroning ati, Kalising panca baya.

10. Yen kinaryan atunggu wong sakit, Ejim setan datan wani ngambah, Rineksa mala ekate, Nabi wali angepung, Sakeh lara pada sumingkir, Ingkang sedya pitenah marang awak ingsun, Rinusak dening Pangeran, Iblis laknat sato moro sato mati, Tumpes tapis sadaya.



Posting Komentar