Kidung Japa wedha



1. Ana kidung angidung ing wengi, Bebaratan duk amrem winaca, Sang Hyang Guru pangandeke, Lumaku Sang Hyang Ayu, Alembehane Asmara ening, Ngadek pangawak teja, Kang angidung iku, Yen kinarya angawula, Myang lulungan Gusti geting dadi asih, Sato setan sumimpang.

2. Sakatahing upas tawa sami, Lara raga waluya nirmala, Tulak tanggul kang manggawe, Duduk samya kawangsul, Akawuryan saguhing pikir, Ngadam makdum sadaya, Datan paja ngrungu, Pangucap lawan pangrasa, Myang tumingal kang sedya tumekeng napi, Pangreksaning malekat.

3. Jabarail inkang animbang, Milunira kanteban iman, Pan dadya kendel atine, Ngijail puniku, Kang rumeksa ing ati suci, Israpil dadi damar, Madangi jrokalbu, Mingkail kang asung sandang, Lawan pangan tinekan ingkang kinapti, Sabar lawan narimo.

4. Ya hudakyeng pamujining wengi, Bale aras saka ne mulya, Kirun saka tengen nggone, Wanakirun kang tunggu, Saka kiwa gada ne wesi, Nulak panggawe ala, Satru lawan mungsuh, Pangeret tengajul rijal, Ander ander khulhu balik kang linuwih, Ambalik lara raga.

5. Dudur molo tengayatul kursi, Lungguh neng atine surat aningam, Pengleburan lara kabeh, Usuk usuk ing luhur, Ingkang aran wesi ngalarik, Neng nabi mohamad, Kang wekasan niku, Antunggu ratri lan siyang, Kinedepan ing tumuwung pada asih, Tunduk mendak maring wang.

6. Satru mungsuh mundur pada wedi, Pamidangan ing betal mukadas, Tulak balik pangreksane, Pan nabi patang puluh, Paring wahyu mring awak mami, Apan nabi wekasan, Sabda Nabi Dawud, Apetak bagenda Ambyah, Kinaweden ebelis laknat lawan ejim, Tan wani perak.

7. Pepayone godong dukut langit, Tali barat kumendung ing tawang, Tinunda tan katon mangke, Arajeg gunung sewu, Jala sutra ing luhur mami, Kabeh pada rumeksa, Angadangi mungsuh, Nulak panggawe ala, Lara roga sumingkir kalangkung tebih, Luput kang wisa guna.

8. Gunung sewu dadya pager mami, Katon murub kang katon tumingal, Sakeh lara sirna kabeh, Luput ing tuju teluh, Tarakyana tenung jalenggi, Bubar ambyur suminggah, Sri Sedana lulut, Punika sih Rahmatulah, Iya Sang Jati mulya.

9. Ingaranan Rara subaning-sih, Kang tuminggal samya sih sadaya, Kadep sapari polahe, Keh lara sirna larut, Tan tumama ing awak mami, Kang sangar dadi tawa, Kang geting dadi lulut, Saking dawuh sifat rahman, Iya rahmat rahayu pangereksaneki, Sarana nganggo metak.

10. Yen lumampah kang mulat awingwrin, Singo barong kang podo rumeksa, Gajah meta ning wurine, Macan gembong ing ngayun, Naga raja ing kanan kering, Singa mulat njrih tresna, Marang awak ingsun, Jim setan lawan manungsa, Pada kadep teluh lawan antu bumi, Ajreh lumayu ngitar.

11. Yen sinimpen tawa barang kalir, Upas bruwang racun banjar sirna, Temah kalis sabarang reh, Jemparing towok putung, Pan angleyang tumibeng siti, Miwah saliring braja, Tan tumama mring sun, Cedak cupet dawa tuna, Miwah sambang setan tenung pada bali, Kadep wedi maring wang.

12. Ana paksi mangku bumi langit, Manuk iku endah warnanira, Sagara erob wastane, Uripe manuk iku, Animbuhi ing jagad iki, Warnanipun sakawan, Sikile wewolu, Kulite iku sarengat, Getihipun tarekat ingkang sejati, Ototipun kakekat.

13. Dagingipun makripat sejati, Cucukipun sejatining sadad, Eledan tohid wastane, Ana dene kang manuk, Pupusuhe supiah nenggih, Emperune amarah, Mutmainah jantung, Luamah waduke ika, Manuk iku anyawa papat winilis, Nenggih manuk punika.

14. Uninipun jabrail singgih, Socanipun punika kumala, Anetra wulan srengenge, Napas nurani iku, Garananipun tursino nenggih, Angaub soring aras, Karna kalihipun, Ing gunung Arpat punika, Uluwiyah ing lohkalam wastaneki, Ing gunung manik maya.



Posting Komentar