Kidung Sukma Wedha



1. Ana kidung reke angartati, Sapa eruh reke aran ingwang, Duk ingsung ono ing ngare, Miwah duk aneng gunung, Ki samurta lan Ki samurti, Ngalih aran ping tiga, Arta daya tengsung, Arang ingsung duk jejaka, Ki artati aran ingsung ngalih, Sapa weruh aran ingwang.

2. Sapa weruh tembang tepus kaki, Sasat weruh reke arta daya, Tunggal pancer sauripe, Sapa weruh ing panuju, Sasat sugih pagere wesi, Rinekso wong sajagat, Kang angidung iku, Lamun dipun apalane, Kidung iku den tutug pada sawengi, Adoh panggawe ala.

3. Lawan rineksa marang Hyang Widhi, Sakarsane tineko dening Hyang, Rineksa ing jalma kabeh, Kang amaca kang angerungu, Kang anurat myang kang nimpeni, Yen ora bisa maca, Simpenono iku, Temah ayu kang sariro, Yen linakon dinulur sanendyan neki, Lan rinekso dening Hyang.

4. Kang sinedya tinekan Hyang Widhi, Kang kinarsung dumadakan kena, Tur sinisiyan pangeran, Nadyan tan weruh niku, Lamun nedya muja semedhi, Sasaji ing sagara, Dadya ngumbareku, Dumadi sariro tunggal, Tunggal jati swara awor ing Artati, Aran sekar jempina.

5. Somahira ingarang penjari, Milu urip lawan milu pejah, Tan pisah ing saparane, Pari purna satuhu, Anirmala waluya jati, Keno ing kene kana, Ing wasesanipun, Ajejuluk Adhi suksma, Cahya jumeneng aneng artati, Anom tan keno tuwa.

6. Panunggale kawula lan Gusti, Nila ening arane duk gesang, Duk mati nila arane, Lan suksma ngubaraeku, Ing asmoro mung raga yekti, Durung darbe peparab, Duk rare iku, Awayang bisa dedolan Aran Sang Hyang Jati iya sang Artati, Yeku Sang Arta jaya.

7. Dadya wisa mangkya amartani, Lamun maria atemahan wisa, Marma Arta daya rane, Duk lagya aneng gunung, Ngalih aran Asmara jati, Wayah tumekeng tuwa, Emut ibunipun, Ni panjari lungo ngetan, Ki Artati nurut gigiring Merapi, Anulya mring Sundara.



Posting Komentar