Kidung Jiwa Wedha



1. Ana kidung akandang permadi, Among tuwung ing kawasanira, Nganak ake saciptane, Kakang kawah puniku, Kang rumekso ing awak mami, Anekakaken sedya, Ing kawasanipun, Adi ari ari ika, Kang mayungi ing laku kawasaneki, Nekakaken pangarah.

2. Punang getih ing raine wengi, Ngrerewangi Allah kang kawuasa, Andadekaken karsane, Puser kawasanipun, Nguyu uyu sabawa mami, Nuruti ing paneda, Kawasanireku, Jangkep kadang ingsun papat, Kalimane pancer wus dadi sawiji, Tunggal sawujud ingwang.

3. Yeku kadang ingsung kang umijil, Saking marga ina sareng samya, Sadino awor enggone, Sakawan kadang ingsun, Ingkang nora umijil saking, Marga ina punika, Kumpule lan ingsun, Dadya makdum sarpin sira, Wewayangan in dat samya dadya kanti, Saparan datan pisah.

4. Yen angidung poma den mametri, Memuleya sego golong lima, Takir pontang wewadahe, Ulam ulamipun, Ulam tasik rawa lan kali, Ping pat iwak bangawan, Mawa gantal iku, Rong supit winungkus samya, Apan dadya sawungkus arta saduwit, Sawungkuse punika.

5. Tumpengana aneng pontangnya sami, Dadya limang wungkus pontang lima, Sinung sekar cempaka ne, Loro sapotangipun, Kembang boreh dupa ywa lali, Memetri ujugbira, Donganira Mahmud, Poma dipun lakonono, Saben dino nuju kalahiraneki, Agung sawabe ika.

6. Balik lamun ora den lakoni, Kadang ira pan pada ngrencana, Temah kudrasa ciptane, Sasedyanira wurung, Lawan luput pangarahneki, Sakarepe ira wigar, Gagar datan antuk, Saking kurang temenira, Madep laku iku den awas den eleng, Tamat ingkang kidungan.



1 komentar

  1. Ilmu apa tuh mbah..