Kidung Mantra Wedha



1. Ono kidung rumekso ing wengi, teguh ayu luput ing lalara, luput ing bilahi kabeh. Jim setan datan purun, paneluhan tan ono wani, miwah panggawe ala, gunaning wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan wani perak ing mami, tuju guna pan sirna.

2. Sakehing lara pan samya bali, sakeh omo pan samya miruda, welas asih pandulune, sakehing brojo luput, kadya kapuk tibaneng wesi, sakehing wisa tawa, sato galak tutut, kayu aeng lemah sangar, songing landhak guwane wong lemah miring, miyang pakiponing merak.

3. Pagupakaneng warak sekalir, nadyan arca mayang sagara asat, temahan rahayu mangke, dadya sarira ayu, ingideran pra widadari, rineksa malaekat lan sagung pra Rasul, pinayungan ing hyang sukma, ati adam utekmu bagindha esis, pangucap nabi musa.

4. Pan napasmu nabi isa luwih, nabi yakub pamiarsaningwang(mu), dawud swaramu mangke, nabi ibrahim nyawamu, nabi sleman kasektenmu, nabi yusup rupamu , edris ing rambutmu, bagindha ngali kulitmu, abubakar getih daging ngumar singgih, balung bagindha ngusman.

5. Sungsummu patimah linuwih, siti aminah bayuning angga, ayub ning ususmu mangke, nabi nuh ing jajantung, nabi yunus ing ototmu, netramu ya Muhammad, pamulumu rasul, pinayungan adam hawa, sampun pepak sakathahe para nabi, dadya sarira tunggal.

6. Ana wiji sawiji tan dadi ingkang pencar salumahing jagad, kasamadan dening date, kang maca kang angrungu, kang anurat kang animpeni, dadya ayuning jagad, kinarya sesembur, lamun winaca ing toya, kinarya dus prawan tuwa aglis laki, wong edan nuli waras.

7. Lamun ana wong kadhendha kaki, wong kabonda wong kakehan utang, becik wacanen den age, ing wanci tengah dalu, ping sawelas wacanen singgih, luwar ingkang kabonda, kang kadhendha wurung, enggal nuli sinauran, mring hyang sukma kang utang punika singgih, kang agring nuli waras.

8. Lamun arsa tulus nandur pari, puwasa'a sawengi sadina, iderana galengane, wacanen kidung iku, sakeh ama tan ana wani, lamun sira arsa prang, wateken ing sekul, angsala tigang pulukan, mungsuhira rep sirep tan ana wani, dadya unggul prangira.

9. Sing sapa reke bisa nglakoni, amutih lawan anawa'a, patang puluh dina wae, tan tangi wektu subuh, lan den sabar sukur ing ati, insya Allah tinekan. Sakarsane iku, tumrap sa'anak rabinya. Sasawabing kang ngelmu pangiket mami, duk aneng Kalijaga..

Videonya di bawah ini :


★★★★★